ADICARA NGUNJUK DWEGAN
(Upacara pengantin adat Jawa Tengah)
Ngunjuk dwegan, mengku suraos kekudangane poro winasisi, lan poro sepuh, mugi – mugi temanten enggal kaparingan pracimo ingkang bangkit saged toto jalmi, utawi momongan awohing apolokarami, sinartan ginadhang mugi sri temanten saged nuwuhaken kautamen ingkang suci pantes tinulad dening bebrayaning sesami.
Kalamun risang temanten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso, roso sejati sejatining roso, satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo,
Ugi dados pratondho, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni badhe kapenggalih kanthi weningin nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen unen : “ Ajining dhiri gumantung lathi, Ajining rogo gumantung busono, Ajining awak gumantung tumindak ”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar