Minggu, 07 Juli 2019

ADAT JAWA TENGAH 1

"SAWAT GANTALAN"
(Panggih Pengantin Adat Jawa Tengah)

Minggah ungeling ketawang laras maya, tumapaking podo nut wirama swaraning pradonggo kang munyo hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarso ing akasa.

Kadyo saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih kasembadan sedyo anggenipun bebrayan ngantos dumugi kaki nini, tebih ing rubeda celak ing kanugrahan lan kabagyan

Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksana, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedya, sigro kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal.

Tempuking paningal catur netro, catur wus ngarani papat netro mripat, pada sakala wonten daya pangribawa ingkang ambabar karsa dadyo sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumenem ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nolo

Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netra risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal.

Punapa tho menggah darunanipun gantal ingkang dados bebalanganing putra tinemanten?

Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minangka sarana ambuntel sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seto satuhu ngemu pralmpita,

Suruh, jarwa dhasanipun kesusu kepingin weruh, suruh lamun tho pradapa beda lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane,

Sanajan sajuga jejer priya satunggal mijil wanita, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal rasa cipta miwah karsane.

Temu ing raos, tinangsulan ing raos tresna ingkang suci, bakal pinasthi dadya jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.

Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten kakung darbe raos asih mrih garwa,

Tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodya dados pangayomaning brayat.

Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban ngemu wasita panyuwun mrih wanodya mulur ing cipta.

Dene ing jaja amrih mekaring rasa, satemah penganten putri saget menggalih kanthi weninging rasa, saniskaraning tumindak miwah wicara mung  karenak tyasing sasomo.

Purna ambalang gantalan kanthi bombonging manah, kebak raos ingkang tumenem ing sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang raja,

Pasemone nyata lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar