SINGEP SINDUR
(Panggih Pengantin adat Jawa Tengah)
Paripurnaning gati kang titi laksana adicara panggih, lajeng jumeneng jajar putra pinanganten kekalih sandhing kekanten asto, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanodya datan nyingkur kodrating wanita minangka garwa, risang pinanganten asra lumampah tumuju ing sasana rinenggo, aloke kang samyo humyat...
Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinoro sosro, sarwi singep sindur ingkang awarni rekto miwah seto deneng rama ibu, kanthi pangajab bebrayaning putra sarimbit tinuntun ing rehing kautamen, pinanggih ya ing budi rahayu linambar raos tresna, rhosa, tepa, sembada lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kadurakan lan kanistan,
Kadyo raja myang prameswari arsa tedhak siniwaka lenggah ing dhampar denta, sapungkurnyo risang penganten inggih bapak-ibu "Sarino" suko rena ing wardoyo
bapak – ibu "Sarino" dupi wus bisa ngentasi wajib ing wredha molokrama aken putra pinanganten sarimbit nun inggih sang dyah ayu roro "Audilia Citra Rinonda" kaliyan sang abagus "Joko Listiyanto" priya kang mijil saking tlatah "Gunung Kidul" satuhu putra kekudanganipun bapak-ibu "Sudiyo"
wus widagdo nambut guna talining akrami risang pinanganten, kanthi napak hasmani pustaka pikukuhing palakrama, tumapak ing adicara ijab ing dinten Sukra manis suryo kaping Pitulas mapan ing Desa Kaliabang mriki, ing wanci meniko mestuti tatacara adi luhung kanthi nindaaken adicara panggih.
Para kadang samya tutwuri mring tindakira risang pinanganten, jumurung mring karsanira risang pinanganten, anggenira darbe karsa mangun bale wisma, mangun kulawarga, mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadyo mimi lan mintuna, saking dunys dumugya delahan.
Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinenggo, gung ing panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun suka pakurmatan tumapak ing adicara panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,
Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasana mulya, suka ing driya risang pinanganten putri, ginontho ing Wardaya, kadyo puspa warnane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar