DAHAR KEMBUL LAN NGUJUK TOYA WENING.
(Pahargyan Pengantin Adat Jawa Tengah)
Dhahar Kembul :
Tumuli risang pinanganten nindaaken dhahar kembul, dhahar nedo kembul ya wus ngarani sesarengan, pralambang sageto tumangkep manggih sing katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, sak yek sak eka karti sembada ingkang sinedya, rengganeng bass ngatem sinebat manunggaling karsa marganing mulyo
Ngunjuk toya wening :
Paripurna dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toya wening, dadi pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmara janma, manunggalaken ing rasa, satemah mijilaken kama warni seto saking pokaling bapa, miwah kama warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putra kang minangka rerengganing balewisma,
Ngunjuk toya wening ugi dados pratandha, kalamun sedaya tumindak miwah muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nala, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen – unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, lan ajining awak gumantung saka tumindak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar