Minggu, 07 Juli 2019

ADAT JAWA TENGAH 3

TAMPA KAYA KACAR KUCUR.
(Upacara Pengantin adat Jawa Tengah)

Panjenenganipun para tamu kang mahambeg luhuring dharma kakung sumawana putri, pinaringan sih wilasitaning Gusti kang Maha Agung, Temanten sekaliyan sampun kalampahan panggih, kaparenga gyo ngadani adicara TAMPA KAYA KACAR KUCUR.

Kacaryos dupi wus ngancik ing titi laksana, penganten kakung gyo jumeneng ngasto tilam lampus, isi wos kapurata jawa kethos palawija sekar panca warna miwah arto receh, kasuntak ing pangkoning kang garwo, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekto

Guna tampa kaya kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tampa kaya mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guna tampa kaya pralambang  tanggel  jawabing priya.

Minangka tetunggaling kulawarga darbe  tanggel jawab nyekapi sandang  baga ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arto pralambanging boga, wastra, miwah hartaka,

mugi risang panganten ing tembe kacekapan sandang baga. syukur bage  pinaringan kesugihan, lamun pinaringan kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih.

Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanudya ingkang gemi nastiti, surti  tur ngati-ati.

Asiling tampa kaya laju katitipaken mring wanodya kang pinitados rumeksa kawidagdaning tampa kaya nun inggih ingkang ibu ………… paripurna nitipaken tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana rinenggo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar