ANTIGO TINAPAK ING PODO
(Panggih Pengantin adat Jawa Tengah)
Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor kencana, minangka wadahing sekar setaman, sakolo ponang antigo tinapak ing podo, Pyar... pecah sanaliko,
Pramilo daya daya penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung. Purna denira sumembah gyo amijiki samparaning ingkang raka, kang winastan ranupodo, Ranu wus ngarani toya, Podo teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang raka, kanthi sedya ngatonaken darma bekti mring garwa, amberat sawarnaning sukerta, satemah anggenira lumebet ing alam madya gesang bebrayan, saged lulus raharja manggih kamulyan.
Toya perwito kang minangka sarana pambasuhing podo, manunggal mring sekar triwarno, nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, bisa dadi tepa palupining brayat mudho.
Paripurna winijikan samparanira jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresna asih, pralampitane, risang pinanganten minangka jejering priya, kasdu ngangkat drajating wanodya, amrih saget jajar kaliyan drajating priya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar