ANA SYAITAN DIANGGEP MANUNGSA UTAMA, (KALA BENDU)
Tembung Syaitan iku sejatine kalebu tembung sifat, diguna'ake kanggo nyebut makhluke Gusti Allah saka golongan jin, manusia, lan hewan sing pakartine olo, yaiku Makhluk kang pakartine tansah gawe kapitunan, gawe kerusakan, gawe kacintrakan lan gawe kasangsaran. Dadi Manungsa sing pakartine olo kaya kang kasebut ing nduwur iku, manungsa iku dudu manungsa sejati nanging iku syaitan engkang awujud manungsa.
Ing zaman Kutukan (kala bendu) Syaitan syaitan engkang awujud manungsa iku cerdas lan pinter nutupi pakartine kang olo. Mulane ora mokal banjur akeh banget manungsa engkang kesasar lan kapusan, Syaitan kang wujud manungsa iku malah diangkat drajate didadekaken panutan lan didadekaken pemimpining manungsa, syaitan dianggep manungsa utama, syaitan dianggep manungsa hebat, syaitan dianggep manungsa cerdas lan pinter, banjur dipuja puja kaya muja dewa, disubya subya kaya nyubya bathara, dibelani kaya ndepani widadari.
Pituture Ki Sabda Palon, "sira iku manungsa barek deweke iku syaitan, dadi manungsa iku kudu awas lan eling, aja syaitan malah sira dadekake pemimpin, mangertia...!!! sifate syaitan iku, senajan sira bekti, sira puja kaya muja dewa, sira subya kaya nyubya bathara, sira belani nganti toh pati, deweke iku tetep syaitan, atine tetep culiko lan julig, pakartine ora beda karo pakartine asu alas (serigala) kang buas.
Deweke iku syaitan setitik wae ora ana rasa welas asih marang manungsa, deweke iku seneng mangan daginge manungsa, seneng ngombe getih ing manungsa merga kedanan harta, tahta lan ngoyak ambisi pribadine, deweke ora bakal mandeg saka laku angkaramurka.
Yen sira manut deweke mesti deweke bakal ngrekadaya supaya sira rila legawa ngorbanake getih lan dagingira nganti sira nandang cintraka kalunta lunta lan sangsara. Yen sira ngedohi deweke, sira mesti bakal difitnah digunjing diala ala tanpa cela. Aja sira percaya marang janji janjine, yen deweke janji marang sira mesti sira diapusi. Lan aja pisan pisan sira aweh kepercayaan marang deweke, sebab deweke mesti bakal khianat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar