Sabtu, 28 Juli 2018

WEJANGAN JOWO NAN INDAH

KOYO BANYU NGRAKET PASIR LAN WATU

Tetepo jujur senajan kejujuran iku abot ditampa rasa, mulo kang soko iku : "kita kudu sabar nalikane kejujuran kang ana ing atimu iku jebul ora bisa katon lan ora kadulu ing pandengane wong wong kang pada duwe mata"  "kita ugo kudu sabar nalikane kejujuran kang ana ing atimu iku jebul ora bisa keprungu ing kupinge wong wong kang pada duwe kuping" "lan kita ugo tetep kudu sabar nalikane kejujuran kang ana ing atimu iku jebul ora bisa kawetu soko pangucape wong wong kang pada duwe lisan". Kabeh iku ora sebab wong wong iku buta, tuli lan bisu nanging sebab kejujuran lan ketulusan ing atimu iku pancen ora bakal cukup menawa hamung diwunudake ing tingkah laku,

Mangertio "kejujuran lan ketulusan ing atimu iku lir umpamane banyu. Coba sawangen gedung gedung mewah kang nyundul langit, dalan lan jembatan kang saben dina sira liwati, nalikane gedung lan umah mewah, dalan lan jembatan, kabeh iku ora bakal bisa kawujud dadi bangunan menowo ora ana banyu, sebab watu, semen lan pasir iku ora bakal bisa diraketake yen ora nganggo banyu.

Nanging sak uwise dadi gedung gedung mewah kang nyundul langit, dadi dalan lan jembatan kang saben dina kita liwati, Banyu kang uwis gedhe banget jasane jebul babar pisan ora ana sing ngakoni jasane, anane banyu ing bangunan iku diangep ora ana.

Loh apa sebabe...??,

Banyu kang uwis gedhe banget jasane nanging babar pisan ora ana sing ngakoni jasane iku ora merga wong kang pada duwe mata iku buta, ora sebab wong kang duwe kuping iku tuli lan uga ora sebab wong kang duwe lisan iku bisu. Sebab Kejujuran lan ketulusan pakartine si banyu iku pancen angel didulu lan angel dirungu, mulane ora bakal kawetu ing pocapane wong wong, pakartine banyu kang jujur lan tulus iku pancen ora bakal bisa didulu lan dirungu ing gebyaring gedung jembatan lan dalan kang kawujud. Sakmono uga Kejujuran lan ketulusa ing atimu iku uga ora  beda karo ketulusan lan kejujuranne banyu, ya mung Gusti Allah kang maha pirsa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar