SING BECIK KETINDIH ALA DADI HINA, SING HINA KETRIMA BECIK DADI MULYA
Fitnah sing digawe lan disebar dining panggede negara iku nyata ngedab edabi banget, sebab daya pangaribawaning fitnah iku mau bisa njungkir balikaken jagad pikirane rakyat, sing becik dadi ora ketitik kabecikane, sing ala uga ora ketara utawa ora katon alane. Lelakon kang wis kelakon ing wuri duk zaman nusantara iseh jeneng majapahit muga muga bisa dadi pengeling eling supaya awak dewe tansah waspada.
Zaman negara nusantara iseh jeneng majapahit, wektu iku ana salah sawijining satria sing gedhe banget jasa lan pengorbananne tumrap negara, ya iku Raden Ranggalawe ya Raden Arya Adikara. Deweke iku salah sawijining satria sing melu trukah bareng kalian Raden Wijaya dadi cikal bakal adegke negara majapahit. Raden Ranggalawe satria sing uwis kebukti wani toh raga, toh banda lan toh pati kanggo mbelani negara lan junjungane ing majapahit.
Nanging kayangapa nasibe Raden Ranggalawe ing akhir hayate ?
Jebul Raden Ranggalawe iku gugur ora mergo kalah perang tanding mungsuh mancanegara, nanging Raden Ranggalawe gugur margo diperangi dening bangsane dewe. Raden Ranggalawe gugur amargo difitnah dening wong sing wis dianggap sedulur lan kanca raket. Saka pintere si tukang fitnah nganti Wong Agung sing tansah dibekteni lan dihormati dening Raden Ranggalawe, ya Wong Agung sing tansah dibelani mau banjur percaya lan malah tega mentolo paring pidana marang Raden Ranggalawe, wektu iku Raden Ranggalawe dianggap penjahat negara sing kudu dihukum dipateni.
Saka banter ing fitnah sing disebarake dening penggedhe negara lumantar media media sing ana, nganti public lan rakyat ing nusantara wektu iku pada melu jengkel gething lan murka marang Raden Ranggalawe, Rakyat banjur pada menghina, pada mecaci lan memaki Raden Ranggalawe kanti sebutan sing ora patut dirungokeke, rakyat sing seprono seprene dibelani, ditresnani dening Raden Ranggalawe malah banjur pada nggunjing sing ora becik, pangangepe rakyat menawa Raden Ranggalawe iku pengkhianat lan penjahat negara sing ora apa apa menawa diala ala, dicaci lan dimaki.
Tragis....!!! Nasibe Raden Ranggalawe Satria nusantara sing wis gedhe banget labuh labete tumrap negara lan rakyat Majapahit, ing akhir khayate ora nemu begja ora nemu mulya malah sebalike, sakdurunge tumekaning pati Raden Ranggalawe kudu nandang papa lara lan nalangsa ing batine sebab difitnah sing fitnah iku mau dadi sebab Rakyate nganggep Raden Ranggalawe sebagai pengkhianat lan penjahat negara.
Duh Gusti...!!! Kula nyuwun rakhmat agung ing Kalam Paduka, inggih hakekatipun Surat Al Fatihah, Aamiin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar