RESPATI LAHIR.01
Swuh rep datapitana, anenggih nagari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang kasongan ing akasa, sinangga pratiwi,kaapit samodra, kathah ingkang anggana raras,tan kadi Negari Purwacarita ya Medhangkamolan. Mila kinarya bukaning kandha awit ngupaya nagari satus tan antuk kalih, sanadyan sewu tan jangkep sedasa.
Dhasar negari ingkang panjang punjung, pasir wukir gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem lan raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra, wukir gunung. Negara kang ngungkurake pagunungan, nengenake pasabinan, ngeringake pategalan, ngayunake bandaran gedhe. Loh tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku. Gemah lampahing nangkodha surya ratri datan ana pedhote, labet datan ana sangsayaning margi. Aripah, janma kang samya bebara jejel apipit, aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking harjaning nagari.
Ingon-ingon bebek sapi pitik iwen tan ana cinancangan, yen awan aglar ing pangonan, yen sore padha mulih ana kandhange dhewe-dhewe. Dhasar negara gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane. Bebasan kang celak manglung, ingkang tebih tumiyung. Mboten ngemungaken ing tanah Jawa kemawon kang sami nungkul, sanadyan dumugi tanah sabrang kathah para raja kang sami sumawita tan karana ginebaging ajurit, amung kayungyun mring kautamen, sami atur putri minangka panungkul. Ing saben rikala mangsa sami asok butu bekti glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni guru bakal guru dadi.
Sinten ta jejuluking narendra ingkang ngrenggani puraya gung Purwacarita? Mboten sanes inggih Raden Turunan, kanthi ngagem jejuluk Prabu Kandhihawan ya Kandhihawa. Narendra kang ruruh pasemone, alus bebudene. Ngagem jamang garudha mungkur miwah praba. Prabu Kandhihawan ya Raden Turunan nglintir keprabone rama marasepuh, Prabu Sri Mahapunggung ya Darmamikukuhan.
Nuju ari sajuga sang nata ingkang wicaksana lan berbudi bawa leksana ngawontenaken pasewakan agung. Denadhep warangkanata awasta Patih Mandasrawa. Dene kang minangka parampara ya nujume negara Purwacarita mboten sanes keng rama piyambak kang peparab Begawan Andha.
Mangkana sawusnya satata lenggahira, alon wijiling pangandika kang kawiyos ing lesan, “Nuwun Rama Begawan, langkung rumiyin ingkang putra ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk pepada jengandika, Rama.”
“Hiya anak angger Prabu Turunan, banget ndadekake suka renaning panggalihku dene Anak Prabu bekti marang wong tuwa. Ora kliwat pudya pangestuku genti tampanana.”
“Sanget ing pamundhi kula, mugi andadosna jimat paripih. Mugi katuran lenggah ingkang prayogi, Rama Begawan.”
“Praptaku ana kene kaya wus ora kurang sawiji apa, Anak Prabu.”
“Kakang Patih Mandasrawa. Apa ora ndadekake…………….ono candake.)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar